Contoh Pidato Perpisahan dalam Bahasa Jawa (ujian praktek)



Hay sobat bloger, saya mau ngasih contoh pidato perpisahan dalam bahasa jawa nih, dulu saya membuatnya waktu masih SMP, semoga bermanfaat ya

Assalamu’alaikum Wr. Wb.


          Ingkang kawula urmati Bapak Kepala SMP 1 Banyumas, ingkang kinurmatan dewan guru, komite sekolah, ingkang berbahagia wali murid lan tamu undangan  saha rencang-rencang kelas 7,8,9 ingkang kawula tresnani.
          Mangga langkung rumiyin kita sesarengan ngaturaken puja lan puji syukur dhumateng Allah SWT ingkang sampun maringi kesehatan lan keselamatan dhumateng kita sedaya, sahengga kita saged makempal pinanggih ing acara perpisahan kelas 9 tahun ajaran 2010/2011, dinten senin, 5 maret 2012 ingkang enjang menika
          Nuwun sewu, kula kadhawuhan mewakili kelas 9 ingkang acara perpisahan niki. Mbok bilih kula anggenipun pidato kathah tuna dungkanipun kula nyuwun agunging samodra pangaksami, awit kula menika taksih adhapur latihan.
          Para rawuh ingkang kawula urmati, kula badhe ngaturaken maturnuwun dhumaten Kepala Sekolah  ingkang sampun maringi sarana lan prasarana ingkang cekap sehingga kita saged belajar kanti lancar. Mboten kesupen kula ngaturaken matur nuwun kangge bapak,ibu guru lan warga sekolah ingkang tumut membimbing, mengajar, lan memotivasi sehingga kita saged ngrampungaken belajar  lan angsal ilmu-ilmu ingkang bermanfaat. Kangge bapak ibu, matur nuwun kangge pengorbananipun ingkang sampun nyekolahaken kita ngantos lulus teng SMP niki lan kawula sedaya nyuwun doa restunipun kangge nglanjutaken teng sekolah  ingkang lewih inggil. Ingkang kaping kalih, kula sedaya ngaturaken pangapunten kangge bapak,ibu guru ingkang sering dados kecewa, nelangsa lan nesu amargi kekhilafan kita sedaya. Kangge adik-adik kula kelas 7 lan 8, tetap semangat kangge belajar lan meraih cita-citanipun.
          Namun cekap semanten ingkang saged kula aturaken, mbok menawi kathah atur tetembung ingkang mboten mranani penggalihipun. Kula nyuwun pangapunten.

Wassalamu’alaikum Wr.Wb
Previous
Next Post »